Kawruh Jowo [Ilmu Jawa]

TEMBANG JAWA
Urut-urutane tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkene urut-urutane tembang kaya kang tak aturake ing ngisor iki:
Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Mijil
ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang igayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuhrasa kepengin darma / weweh marang sapadha – padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha – padha.
Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

PITUTUR JAWA
“Aja Adigang, Adigung, Adiguna”
“Aja dumeh”.
“Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman”
“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman”
“Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka, sing was-was tiwas”
“Aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendo”
“Ajining raga gumantung ana ing busana, ajining dhiri dumunung ana ing lathi”.
“Alon-alon waton kelakon”.
“Ana rembug, dirembug”.
“Becik ketitik, ala ketara”.
“Dadio godhong emoh nyuwek. Dadio banyu emoh nyawuk”.
“Dhemit ora ndulit, setan ora doyan”.
“Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan”
“Golek ono Galihi Kangkung, Golek ono Rose Bumbung Wung Wang, Golek ono Susuhe Angin, Golekono Tapake Kuntul Mabur”

“Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”.
“Jer basuki mawa bea”.
“Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara”
“Murid Gurune Pribadi, Guru Muride Pribadi”
“Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake”.
“Ora ubet, ora ngliwet”.
“Sekti tanpa aji-aji, sugih tanpa bandha”
“Sepi ing pamrih rame ing gawe, banter tan mbancangi, dhuwur tan ngungkuli”
“Sing prihatin bakal mimpin”
“Sing resik uripe bakal mulya”
“Sing sabar lan ngalah dadi kekasih Allah”
“Sing salah bakal seleh”.
“Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti”.
“Tamba teka, lara lunga”.
“Urip iku urup”
“Yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi”.
Share this article :
 

+ komentar + 2 komentar

12 Juni 2012 pukul 11.48

mantep tembang jowone mas.....

12 Juni 2012 pukul 20.31

pastinya om...

Posting Komentar

 
Support : Jenggot Api Blog | Maju Tak Gentar Membela Yang Benar!
Copyright © 2012. Jenggot Api - All Rights Reserved
Powered by Blogger